Lirik Lagu Mustikaning Katresnan - M Rizal
Semburat cahyo condro ing puji hastiti
Nggugah raras tresno mring mustikaning ati
Pasuryanmu pindo ratih nurunake asri
Naleni sukmo ngribig roso kang suci
Lir riris riris esemmu nelesi garinge nolo
Madu broto kumesar ngebaki jroning dodo
Netramu dadi tlogo pangayomaning jiwo
Mugi gusti ngijabahi nyawiji ing madyopodo
Katresnanku pepujaning karsaku
Sliramu dadi kembang jroning impenku
Gondo arummu mumbul marang tawang
Ngusir sepi ngilangake roso bimbang
Kasmaranku duh nimas trah wong ayu
Pindo segoro tanpo tepi nggayuh asmoromu
Mugo katon mring mripatmu tuluse rasaku
Ngronce kembang katresnan
Wong ayu kasmaranku
Music
Nadyan jagat ganti rupo
Tresnaku panggah nyoto
Mung sliramu kembang sing tan keno proyo
Niatku suci ngayuh drajat mulyaning asmoro
Katresnanku pepujaning karsaku
Sliramu dadi kembang jroning impenku
Gondo arummu mumbul marang tawang
Ngusir sepi ngilangake roso bimbang
Kasmaranku duh nimas trah wong ayu
Pindo segoro tanpo tepi nggayuh asmoromu
Mugo katon mring mripatmu tuluse rasaku
Ngronce kembang katresnan
Wong ayu kasmaranku