Lirik Lagu Wuyung - Nanda Sari

Lorone loro
Ora koyo wong kang nandang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan neng omah bingung

Mung kudu weruh
Woting ati duh kusumo bagus
Opo ra trenyuh
Sawangen iki awakku sing kuru

Klopo mudo
Leganono nggonku nandang bronto
Witing pari
Dimen mari nggonku ngloro ati
Aduh nyowo

Duh duh kusumo
Ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo mring kang nandang wuyung

#Credits:

Judul : Wuyung
Voc : Nanda Sari
Cipt : Ismanto
Arr : Laras Jawa

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.