Lirik Lagu Rinasa - Sulis Eva

Rinasa saya karasa
Karasa rasaning driya
Linali saya malela
Mung tansah ngreridhu nala

Eseme kang sepet madu
Nambahi rasa tresnaku
Balung nangka sakumpama
Mung tansah katon ning netra

Reff:

Wong bagus gantilaning atiku
Sabendina aku ra bisa turu
Klisikan mikirke sliramu
Ning kono kepiye pawartamu

Kapan bisa keturutan
Cecaketan klawan sira
Sekar pisang paribasan
Wus patut kalamun sesandingan

#Credits:

Judul : Rinasa
Voc : Sulis Eva
Cipt : Sulis Eva
Arr : Indrawan

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.