Lirik Lagu Telogo Asmoro - Musa Mahendra

Amung tresno kawruh ati lan roso
Setio kanggo sliramu
Linggo ati tansah wutuh lan kukuh
Ngadep cobaning ndoyo
Tresnaku janjiku bakal nglamar sliramu
Dadio pengantinku pasangane uripku

Manjing tresno ngayuh biduk raharjo
Ning telogo asmoro
Rino wengi tansah ayem lan tentrem
Mbayangake ayumu
Manahku gandrungku sugeng tilem sayangku
Mbesok bakal kedaden
Dino geden paling ditunggu

Lan akhire dino iki diijabahi
Koe dadi jodoku
Ngucap janji di sekseni poro wali
Resmi dadi bojoku
Mugo aku ro sliramu
Nganti simbah simbah saklawase

Sehidup semati aku bakal gemati
Mbahagiake uripmu bebrayan saklawase
Dadio calon ibu
Ibu anak anake dewe

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.