Lirik Lagu Kidung Wahyu Kolosebo - Syahiba Saufa

Lirik Lagu Kidung Wahyu Kolosebo - Syahiba Saufa


Lirik Syahiba Saufa - Kidung Wahyu Kolosebo


Title : Kidung Wahyu Kolosebo
Artist : Syahiba Saufa
Songwriter : Sri Narendra Kalaseba
Album : The Best Shahiba Saufa
Label : DSA Records

Lirik Kidung Wahyu Kolosebo


rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro
kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro
senadyan setan gentayangan, tansah gawe rubeda
hinggo pupusing jaman

hameteg ingsun nyirep geni wiso murko
maper hardening ponco, saben ulesing netro
tinambaran sih kawelasan, ingkang paring kamulyan
sang hyang jati pengeran

jiwanggo kalbu, samudro pepuntoning laku
tumuju dateng gusti, dzat kang amurbo dumadi
manunggaling kawulo gusti, krenteg ati bakal dumadi
mukti ingsun tanpo piranti

sumebyar ing sukmo madu sarining perwito
maneko warno prodo, mbangun projo sampurno
sengkolo tido mukso, kolobendu nyoto sirno
tyasing roso mardiko,

mugiyo den sedyo pusoko kalimosodo
yekti dadi mustiko, sajeroning jiwo rogo
bejo mulyo waskito, digdoyo bowo leksono
byar manjing sigro-sigro

ampuh sepuh wutuh, tan keno iso paneluh
gagah bungah sumringah, ndadar ing wayah-wayah
satriyo toto sembodo, wirotomo katon sewu kartiko
kataman wahyu kolosebo

memuji ingsun kanthi suwito linuhung
segoro gando arum, suh rep dupo kumelun
tinulah niat ingsun, hangidung sabdo kang luhur
titahing sang hyang agung

rembesing tresno, tondo luhing netro roso
roso rasaning ati, kadyo tirto kang suci
kawistoro jopo montro, kondang dadi pepadang
palilahing sang hyang wenang

nowo dewo jawoto, tali santiko bawono
prasido sidhikoro, ing sasono asmoroloyo
sri narendro kolosebo, winisudo ing gegono
datan gingsir sewu warso

Baca Juga : Lirik Lagu Syahiba Saufa - Adol Madu

Lorok™
Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.