Lirik Hip Hop Jawa - Pacobaning Urip
Judul Lagu : Pacobaning Urip
Penyanyi : Hip Hop Jawa
Ciptaan : -
Genre : Hip Hop
Lirik Pacobaning Urip
Pr :
Kok koyo ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora nduwe
Tak rewangi bendino nyambut gawe rekoso
Nanging kayane ra sepiro
Kok koyo ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora nduwe
Tak rewangi bendino nyambut gawe rekoso
Nanging kayane ra sepiro
Lk :
Urip ing ndonyo iki pancen kudu rekoso
Opo meneh kahanan saiki ora iso di kiro
Butuh soyo akeh
Bondo soyo kelong
Opo opo tambah larang
Marai tambah bingung
Di rewangi nyambut gawe
Ssok awan wengi nganti aku ora kober ngurus awakku iki
Neng kok yo tetep uripku iki iseh nelongso
Pingine aku gek cepet gek ndang iso mulyo
Nek ora nduwe duit uripe angel meneh
Nek ora nyambut gawe abot ora iso sugih
Kabeh iki tak lakoni mung di nggo awakmu
Supoyo sesok aku iso cepet dadi bojomu
Sing iso nguripi awakmu nganggo duitku dewe
Ra njaluk wong liyo opo utang tanggane
Sithik mboko sithik duit iki tak lumpukke
Tak tabung di nggo urip ro kowe sak lawase
Pr :
Rino klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang kersane Gusti
Mugo kang kuoso enggal maringi margo
Kowe lan aku biso urip mulyo
Kowe lan aku biso urip mulyo
Tansah nelongso rasaning atiku
Yen aku kelingan marang sliramu
Wis semono suwene anggonku mikir kowe
Tansah agawe bingung atiku
Lk :
Tanpo kenal wektu
Anggonku nyambut gawe nganti kurang turu
Lembor gaweane
Awak nganti rusak
Sirah nganti mumet
Ben urip kepenak
Tur ora kepepet
Pacobaning urip iki
Tak lakoni kanthi ikhlas karo sregep ndongo
Ben aku iso cepet mentas seko urip sing rekoso
Nglakoni alon-alon waton kelakon
Nganti aku iki iso mulyo
Ojo sambat karo nasib nek urip iki wis susah
Kudu sregep nyambut gawe
Ben ora gampang pasrah
Senajan bayar sithik nanging ora ngapusi
Jujur lan sabar kui kudu dadi kunci
Ora peduli karo alangan sing tambah akeh
Ati kudu siap nompo ikhlas lan semeleh
Supoyo aku lan sliramu biso bebarengan
Mugi Gusti paring dalan ben kabeh dadi padang
Pr :
Rino klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang kersane Gusti
Mugo kang kuoso enggal maringi margo
Kowe lan aku biso urip mulyo
Kowe lan aku biso urip mulyo
Rino klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang kersane Gusti
Mugo kang kuoso enggal maringi margo
Kowe lan aku biso urip mulyo
Kowe lan aku biso urip mulyo