Lirik Lagu Tanjung Mas Ninggal Janji - Didi Kempot


Judul Lagu : Tanjung Mas Ninggal Janji
Ciptaan : L Maryanto
Penyanyi : Didi Kempot
Genre : Dangdut Campursari

Lirik Tanjung Mas Ninggal Janji - Didi Kempot


Bebasan koyo ngenteni
Udan ing mongso ketigo
Najan mung sedelo ora dadi ngopo
Penting iso ngademke ati

Semono ugo rasane atiku
Mung tansah tunggu tekamu
Ra kroso setahun kowe ninggal aku
Kangen kangen’e atiku

Aku isih kelingan naliko ing pelabuhan
Kowe janji lungo ra ono sewulan
Nanging saiki wis luwih ing janji
Nyatane kowe ora bali-bali

Neng pelabuhan Tanjung Mas kene
Biyen aku ngeterke kowe
Neng pelabuhan Semarang kene
Aku tansah ngenteni kowe

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.